sekitarmalangraya – Gawe wong Malang, klakson motor atau mobil iku kadang gak cuman soal “minggir” atau “ati-ati”. Bunyi “tin tin” ndek dalan iso duwe akeh arti. Iso kanggo nyopo konco, iso kanggo ngandani wong sing nyetir ngawur, bahkan kadang yo cuma spontan ae.
Apalagi nek wis ketemu kondisi-kondisi tertentu. Tangane rasane otomatis mencet klakson. Nah, kira-kira kapan ae wong Malang paling sering klakson?
1. Kepitet
Iki klasik banget. awal e arep mencet sein, eh malah kepencet klakson. “Tiiin!” padahal gak ono sing arep disopo. Biasane langsung nyengir dewe, terus baru sadar nek tangane salah pencet. opo maneh pas lampu merah utawa kondisi sepi, bunyine iso nggawe wong sak sekitar noleh kabeh.
2. Nyopo konco
Lagi mlaku terus ndelok konco nang pinggir dalan? Mosok gak disopo. Tapi gak perlu mandek terus ngobrol nang tengah dalan. Cukup klakson: “tin tin!” Kadang koncone langsung noleh, terus podo mesem. Wes, urusan nyopo rampung.
3. Wong sing nyetire nguwawor
Iki sing kadang nggawe pengendara mburi garuk-garuk helm. mlakune alon, mendadak minggir, terus balik maneh nang tengah. Gak jelas arep nang ndi. Daripada keburu emosi, klakson pendek iso dadi kode: “Mas, Mbak, fokus sek toh!”
4. Wong dodolan Sayur /mlijo
Nek krungu wong mlijo lewat, biasane gak cuma ngandelno teriakan “sayur, sayur!”. Kadang suarane yo ditambah ngebel, “tin tin tin!” Nah, bunyi ngono iki malah iso dadi tanda khas nek ono mlijo lewat. Wong omah sing krungu langsung ngerti, “Wes, ono mlijo lewat!” Jadi gak perlu teriak-teriak banter, cukup ngebel ae, warga wes podo ngerti.
5. Nyopo demit ndek dalan sepi amit sewu mbah
Iki wes masuk kategori tradisi sekaligus guyonan. Lewat dalan sepi, opo maneh pas bengi, terus suasanane peteng lan sunyi. Kadang klakson sambil ngomong, “Amit sewu mbah.” Entah tenan ono opo gak, sing penting wes nyopo sek.
6. Kepites gak sengaja atau digawe dulinan bocil
Klakson iso bunyi bukan mergo pengen nyopo sopo-sopo. Kadang yo kepencet gak sengojo. Sing luwih sering, gara-gara bocil penasaran terus mencet-mencet. Sekali pencet, “TIIIIIN!” Sak omah iso kaget kabeh.
7. Ucapan matur Suwon wes di kek I dalan

Wong Malang nek dikeki dalan biasanya gak harus ngomong panjang. Klakson pendek iso dadi tanda matur nuwun. “Tin!” Artine kurang lebih, “suwon yo, wes ngekei dalan.” Sederhana, tapi tetep nggawe suasana nang dalan luwih enak.
8. Delok wong dulinan HP
Iki kudu ati-ati. Nek ndelok pengendara nang ngarep malah sibuk karo HP, klakson iso dadi alarm dadakan. “Tin!” Tujuane bukan ngegas, tapi ngandani supaya HP-e disimpen sek lan ndelok dalan. Soale dalan iku gak iso diajak main-main.
9. Kesusu Kebelet ngising
Iki kondisi darurat versi pengendara. Perut wes mules, tapi dalan malah macet. Lampu abang rasane suwe pol. Akhire klakson dadi pelampiasan. Padahal sing nang ngarep yo gak iso langsung mabur. Tapi nek wes kebelet, kabeh rasane pengen cepet.
10. Emak emak sein kanan menggok ngiri

Nah, iki salah siji momen sing wes dadi legenda. Sein kanan nyala, tapi kok malah belok kiri? Lah, iki piye toh?
Klakson biasane langsung bunyi gawe tanda kaget sekaligus ngandani. “Tin!” Minimal ben sing nang mburi gak ikut bingung lan iso jaga jarak.
Nang dalan, klakson ancen iso dadi bahasa tersendiri. Kadang artine permisi, nyopo, matur nuwun, ngandani, bahkan sekadar ekspresi spontan. Tapi tetep ae, klakson kudu digunakno sakperlune.
Soale wong Malang iso guyon, iso medok, iso rame nang dalan, tapi nek wes urusan keselamatan, yo ojo sak karepe dewe. Sing penting budal slamet, muleh yo slamet.
Baca Juga: Karya Difabel Tiara Handicraft Tembus Pasar AS, Tas Lokal Melenggang di Virginia









Leave a Comment